6/1/10

CERKAK ( Cerita Cekak ) Bahasa Jawa

Ing Sak Mburi Omah Kui Ana Peti




Ing desa Majajaka, kecamatan Kaliasat, ana uwong tua kang manggon ana nang omah gedek kang elek uwis ketok arep ambruk. Uwong – uwong pada nyebut jenenge yaiku mbah Harun. Mbah Harun kang urip dewe ana ning omah kui mau.
Awan- awan kang panas mbah Harun lagi lingguh- lungguh ing ngarepan omahe, ana nang lincak sing digawe saka pring, lingguh- lingguh nyambi makani pitik kang wis moro dewe amarga weruh anggone mbah Harun gowo jagung, iku mau uwis dadi kebiasaan . Mbah Harun ngrasaake khahanan sing ora penak ning ati. Dewee ngrasa duka, amarga uwis ora duwe sedulur sopo- sopo. Saben dina dewee ora ono sing ngancani mung ijen ,
” duh Gusti, paringgono awakku sehat, uga aku iso trus ngibadah maring panjenengan”. Ature Mbah Harun.
Mbah Harun rajin anggone ngibadah, uripe uwis pasrah maring Gusti Alloh. Urip nang donya kaya mung mampir ngombe. Senajan ora ono kancane pitik iku mau kang ngancani mbah Harun saben dina, sing nggo gawe nyenengake ati lan pagawean mbah Harun.
Omah mbah Harun mung cilik ,ana ing plataran omah mbah Harun nandur mawarna- warna tanduran, ono kates, gedang, klapa, bayem, pelem lan liya- liya kabeh mau nggo nyukupi kebutuhani pangan mbah Harun, kanggo mangan mbah Harun ora tau tuku, nanging nganngo hasile leh nandur nang sawah ugo nag omah.. Nangging gandeng mbah Harun kui uwis tua ana- ana wae tangan kang jail metakil nyolong hasil tandurane mbah Harun saben tanduran kui uwis mateng, nanging mbah harun iku uwonge sabar kayo ngono ora dadi masalah, kabeh di gawe ikhlas, rejeki kang wis ono sing ngatur.
Ing sak sore Mbah Harun lagi mlaku- mlaku nang ratan ono suara
” bruss.... kiyek.... ”,mbah Harun banjur mengo nang suara kui, suara opo kui, banjur diparani,
” oalah pitikku mati ketabrak motor ” mbah Harung nyekel pitile karo nangis, pitik iku mau kancane mbah Harun saben dinane, ketabrak uwong liwat.
Pitik kui mau banjur digowo bali, diselehke sedelo, mbah Harun njukuk pacul banjur macul lemah gawe jugangan kang cilik, pitik iku dikubur ana sak mburine omahe mbah Harun.
Mangsa ketiga ora rampung- rampung,rendeng ora teka- teka, tanduran podo garing mekingking, wit- witan uga akeh sing mati, parine ora sida panen amarga akeh amane, mbah Harun uwis ora due opo – opo nggo masak,beras ora due, sayuran yo ora due, awake yo wis tua uwis ora kuat nggo nang sawah. Nanging ana tanggone mbah Harun kang apik , mbah harun dikei sego kanggo mangan . Nanging yo ara trus- trusan, sak anane wae.
Sak wengi mbah Harun dedongo banjur turu. ” Run .. Harun koe lungo ana sak ngisore gunung sing ketok naliko koe delok saka ngaromaepan omahmu iki ” ana suara kang ora ngerti seko endi asale. Mbah Harun banjur tanggi
” Suara opo kui mau? Apa kui mung impenku ? ”. Mbah Harun ora iso turu tekan isuk, mung mikerke suara kui mau, ngapa aku di kon lunga ana ing sak ngisore gunung kang adoh kui mau? ” pikir mbah Harun.
Mbah Harun banjur donga njaluk dalan marang Gusti , ing atine mbah Harun madep mantep arep mara menyang ing sak ngisori gunung kang ketok adoh mau. Nanging awake mbah Harun ora kepenak, ngeleh urung mangan amarga ora duwe panganan.
Isuk – isuk bubar subuh, mbah Harun siap – siap anggone lungo ing sak ngisore gunung kui mau, sing disiapke mung wedang putih sing diwadahi ning botol amarga ora due opo- opo. Omahe ditutup banjur mlaku. Ana ing dalan mbah Harun mandeg amarga kesel awake, wetenge kang ngeleh mung diiseni wedang putih. Nek wis ora kesel mbah Harun banjur mlaku meneh. Rumangsa adoh amarga ora tekan- tekan. Mbah Harun uwis lemes, uwis pasrah anggone mlaku. Mbah harun leren ana ing gubug ing cedak sawah.
Banjur ana uwong teka, ” Mbah, jenengan sinten ? Kadose sanes tiang mriki ? ” , uwong kui mau takon marang mabah Harun.
” Iya nak aku uwong desa adoh, aku yo ora ngerti iki desa endi, aku mung arep menyang ing sak ngisore gunung iku” jawabe mbah Harun.
” Mbah kadose ketingal kesel , mangga mbah kula aturi tindak griya kula, namung celak mriku kok mbah”, ature uwong kui.
” Iyo nak matur nuwun”, jawabe mbah Harun. Mbah Harun mlaku karo uwong iku mau mara nang omahe wong kui mau. Ing omahe wong kui mau mbah Harun diaturi maem lan ngombe amarga uwong kui mau ngerti yen mbah Harun urung mangan wiwit isuk.
” Nak aku tak nyuwun pamit, aku arep neruske lakuku ”,ngendikane mbah Harun.
” Ampun mbah, mbenjing mawon sak menika sampun ajeng ndalu, mbah sare wonten mriki mawon, mbenjing injing lampahipun dipun terusaken”, ature wong kui mau.
” Matur nuwun nak, nek pancen kui aturmu yo aku arep nginep kene sewengi wae, sak durunge matur nuwun, o yo, jenengmu sapa nak ?” Mbah Harun setuju.
” Nggih Mbah kula rumaos seneng, jeneng kula Hasan mbah ” Banjur mbah Harun ra sido lunga.
Wengi- wengi padang bulan , ana ing ngarep omahe Hasan , omahe kan apik lan asri , Hasan manggon dewe lan wengi iki ana mbah Harun kang ngancani.
Hasan lan Mbah Harun cerita- cerita. ” Nuwun sewu Mbah, kenging napa mbah Harun mlapah tumuju ing sak ngisoripun gunung nika ?” Hasan takon karo mbah Harun.
” Aku ki ngimpi nak Hasan, menapa aku dikon mlaku menyang ngisore gunung kae, aku yo bingung, aku yo ora percaya, nanging aku donga lan yakin arep mlaku mrono”, cerita mbah Harun.
” Kula nggih nate ngimpi mbah , menapa kula dipun kengken menyang ing sawijining desa, ing sawijining desa ing arah kulon mrika, menapa wonten mrika enten omah gedek, kang mburi omahe wonten peti kang isine emas , omah gedek punika dipanggoni yiang ingkang sampun sepuh, lan plataran omahe wonten wit kates, pelem lan gedang, nanging kula mboten percaya, kula nganggep niku namung impen kula mawon.” cerita Hasan.
Mbah Harun mikir opo sing dimaksut iku omahe mbah Harun.
” Mangga mbah sak menika kula aturi sare wonten ing kamar, sakmenika sampun ndalu, mangga kula derekke .” ature Hasan.
” Nggih nak, mangga ” jawabe mbah Hasan. Wong loro banjur mlaku mlebu arep turu.
Ana ing kamar mbah Harun trus mikerke omongane Hasan, ”opo bener yen ning mburi omahku ana peti emas, opo aku di kon moro ing sak ngisore gunung kae mung ben aku krungu ceritane Hasan, opo iku tenan ?” pikir Mbah Harun.
” duh Gusti paringana dalan ! ” dongane mbah Harun. Mbah Harun banjur turu, amarga sisok isuk arep neruske mlakune.
Isuk- isuk bar subuh, mbah Harun sarapan, lan siap- siap arep neruske mlaku,karo Hasan digawani maem, ngombe lan disangoni duit, Hasan pancen apikan, senajan to urung keluarga tapi ngerteni marang wong liya, opo meneh wong sing luwih tua, amarga Hasan yatim piatu, nanging sukses anggone dagang.
” Aku pamit yo nak, matur nuwun anggonmu ngrumat aku, muga- muga Gusti Alloh tansah pinaringan koe slamet, yen koe dolan ana ing desaku mampira nang gubugku” pamite mbah Harun.
” amin .. pengestunipun mbah ” jawabe Hasan.
Mbah Harun nerusake lakune tumuju ing ngisor gunung iku mau. Lakune mbah Harun rodo cepet, nanging ing dalan mbah Harun ketemu uwong- uwong yen podo omong ojo mlaku ning gunung amarga gununge arep njeblug, wis metu lahar dingin. Mbah Harun banjur wedi, lan mlaku mbalek, mbah Harun ora sido moro tumuju ing sak ngisore Gunung , mbah Harun arep bali. Ing sak dalan mbah Harun mikir menawa ing mburi omahe ana peti emas opo ora. Mbah Harun mlaku trus tekan omahe.
Sore- sore mbah Harun tekan omahe, banjur njukuk pacul , lan macul ing mburi omahe, pacule natap barang atos,” opo kui ? ”, di keduk karo mbah harun, lan diangkat, jebule peti wesi, dibukak jebule isine emas, berarti bener sik diomongke Hasan, impene bener, berarti aku di kon moro nang gunung mung arep krungu opo sing kudu tak krungoni. Emas kui mau akeh banget, mbah Harun banjur omong karo pak RT, akhire emas kui mau di dol kanggo mbangun mesjid lan mbangun omahe mbah Harun, sak liyane di sumbang- sumbangke nang warga desa., lan go simpenan mbah Harun.
Seminggu sak rampunge mbangun masjid, mbah Harun gerah , njur digawa nang rumah sakit , nanging mbah Harun kapendet dumateng Gusti Alloh. Warga pada nandang dukita, amarga jasa- jasane mbah Harun akeh banget, uwonge kang sregep, sregep ngibadah, lan wis mbangunke masjid kanggo warga. Akhire ing desa kui mau dibangunke patung mbah Harun kanggo ngeling- eling jasane mbah Harun. Sampun Cekap.

2 comments:

  1. saya sekeluarga mengucapkan terima kasih yang sekian kalinya kepada AKI KUSUMO karna nomor togel sgp yang mbah berikan 4d alhamdulillah ternyata tembus lagi ,saya tidak tau harus berbuat apa untuk membalas kebaikan AKY KUSUMO karna beliau sudah banyak membantu kami sekeluarga dengan angka2 goipnya dan telah merubah kehidupan saya jauh lebih layak daripada sebelumnya,berkat AKY KUSUMO kami sudah punya rumah sendiri dan sudah punya tabungan di bank sudah begitu banyak peramal yang saya mintai angka jitu tidak ada satupun yang tembus malahan saya terlilit hutang yang lumayan cukup banyak, saya akui kalau AKY KUSUMO memang peramal jitu dan pantas di ajungkan jempol,jika anda ingin merubah nasib anda dengan angka goip yang di jamin 100% jebol,hbg AKY KUSUMO di nmr ;
    0823=3322=4339,angka yang di berikan AKY KUSUMO jangan di ragukan lagi soalnya saya sudah membuktikannya sendiri,angka goip yang AKY KUSUMO berikan mulai dari 2d,3d,4d,sio semuanya tembus 100% , sudah 6 kali putaran saya menang hanya 1 kali meleset, Jangan percaya dengan janji-janji manis saatnya kita perlu bukti hanya AKY KUSUMO yang bisa menjamin 100% kemenangan,sekaran giliran anda membuktikannya sendiri,terima kasih.

    ReplyDelete
  2. The BetMGM NJ Casino App Launches With 100/1
    The BetMGM 양산 출장마사지 Casino app has arrived 포천 출장안마 in the Google 안동 출장안마 Play store, allowing you to play slots, table 의정부 출장마사지 games, video poker, and video poker as well as live 고양 출장안마 casino gaming

    ReplyDelete